Preinan semesteran kala wingi surya 21 Desember 2014 dumugi 4 Januari 2015 yaiku preinan kang nyenengake miturut kula. Ing dinten sepindah preinan dhawah wonten dinten Ahad. Kula sakaluarga badhe tindhak wonten griyanipun simbah putri wonten Wonosobo, Jawa Tengah. Saking Semarang amung 3 jam perjalanan mawon. Kula tindak mrika nitih bis lan dateng mrika wanci 11 enjing. Sesampunipun wonten Wonosobo kula lan batih ngaso wonten griyanipun simbah. Kula piyambak tilem wonten kamaripun sederek caket kula.
Senin enjing Pakdhe ngajak kula tindak wonten Dieng Plateau, caket griyanpun simbah amung 7 km. Dieng iku salah sawijine obyek wisata wonten Wonosobo ingkang sampun terkenal kanthi manca negara. Dadi saben preinan kathah bule ingkang tindak wonten Dieng. Kula tindak wonten Telaga Warna. Tiketipun mlebet Telaga Warna amung Rp 10.000, Bapak mundhut 10 tiket kagem kita sedaya. Subhanallah, pemandanganipun sae sanget. Tirtanipun telagane werna ijo lan kathah wit-witan wonten mrika. Namung pas kula mrika telaganipun ketutup kabut. Kula sakaluarga nyempetaken foto-foto wonten mrika kangge kenang-kenangan. Sawise saking Telaga Warna kita sedaya banjur minuju wonten pusat oleh-oleh. Kula mundhut oleh-oleh khas Dieng yaiku Carica. Sesampunipun mundhut oleh-oleh kita sedaya banjur kesah wonten griya amargi sampun sayah.
Dinten Selasa enjing kula siap-siap wangsul wonten Semarang. Kula sakaluarga pamitan kalih simbah lan sederek-sederek wonten Wonosobo. Preinan ingkang mboten saged kula supenaken. Kula bakalan tindak malih wonten Wonosobo preinan mangkih.
Sisanipun preinan tinggal 7 dinten kula sinau wonten griya kangge nyiapaken ujian kagem kelulusan kelas 9 mangkih. :) Matur Suwun....
menika wonten kalih gambar sing saged kula share



Tidak ada komentar:
Posting Komentar